Mari raine digebeg duren, akhire Soleh njaluk metu. Mari ngono, Pak Imron oleh ewang anyar jenenge Sutaji. Lha Sutaji iku awake dempal cumak wonge ndlahom, lek diperentah musti ngelakonine kewalik.
Isuk-isuk, Romlah ambek mboke ngrasani Sutaji.
"Mak, ewange Bapak iku lho wuantik poll wonge. Wingi lak dikongkon Bapak ngedhuk sumur cik tambah jeru, lha terus lempunge digawe nguruk pekarangan. Lha pas sore kate ngangsu, Bapak iku muring-muring nggoleki sumure gak onok. Tibake jare Sutaji, sumure wis diuruk roto. Pekarangane sing malah bogang kabeh. Ngono Bapak gak wani, jarene wedhi digibheng ".
Mboke Romlah cerito pisan.
"Iku sik gak sepiro, lha wingi iku Sutaji tak kongkon tuku pithik. Aku pesen tulung brutune buaken, terus susuke simpenen ngisore bantalku. Dhadhak pas aku katene turu, bantalku kok mbendhol. Tibake bantalku diganjel brutu. Bareng tak takoni endhi dhuwik susuke. Wis tak buak, jarene."
Pas enak-enak cerito, moro-moro krungu suoro Pak Imron berok-berok ndhik pawon.
"Tulung ! ! Tulung ! ! "
"Waduh blaen iki. Age cepetan, bapakmu selak mlonyoh kabeh" jare mboke
Romlah.
"Lho Bapak lak sik mbangkong se" jare Romlah.
"Iyo. Tapi Sutaji mau tak kongkon nggodhok pohong gawe sarapane Bapakmu !!".
Tidak ada komentar:
Posting Komentar